Jumat, 08 Januari 2021

Bahasa Jawa Kelas 3 (Hemat Energi)

 


Bocah-bocah ing pasinaon iki bakal nyemak wacan sing mawa tema irit energi, diajab bocah-bocah bisa mangerteni pentinge energi tumrap manungsa. Energi kuwi bisa entek yen ora diopeni. Kanggo njaga supaya energi ora gampang entek kita kabeh kudu mbudidaya supaya energi tetep lestari. Carane yaiku kudu irit energi. Kanggo mangerteni carane ngirit energi, ayo padha nyemak wacan ngisor iki.

Wacanen kanthi patitis !

LISTRIK MLEBU DESA
Rini lan Bima atine seneng banget. Omahe lagi bae dipasang instalasi listrik. Pancen ing desane lagi ana program ”Listrik Masuk Desa”. Sadurunge ana program ”Listrik Masuk Desa”, kanggo sarana madhangi omahe mung nganggo ublik, senthir, lan teplok. Saiki Rini lan Bima sregep sinau. Lampu kang padhang nuwuhake semangat anggone sinau. Rini sing saiki kelas 3 SD lan Bima adhine kelas 2 SD padha pintere. Saben jam 18:30 nganti jam 20:00 bocah loro padha sinau. Rini lan Bimo saben sinau dikancani bapak lan ibune . Pak Wibawa lan bu Dewi ajeg ndhawuhi marang Rini lan Bimo supaya irit listrik. Saben bubar sinau ora lali mateni lampu. Mateni lampu sing ora kanggo wis dadi pakulinane Rini lan Bima. Bocah loro tansah eling welinge bapak ibune. Weling kang wis rumaket iku kalebu uga program pamarintah kang ngajak masyarakat supaya ”Hemat Energi”.

Bocah-bocah, sawise maca wacan ”Listrik Mlebu Desa” wangsulana pitakon- pitakon ngisor iki kanthi patitis!
1. Apa sebabe atine Rini karo Bima seneng banget?
...................................................................................
2. Piranti apa sing kanggo madhangi wektu sinau nalika desane durung ana program ”Listrik Masuk Desa” ?
...................................................................................
3. Rini lan Bima saiki kelas pira?
..................................................................................
4. Jam pira bocah loro iku padha sinau?
..................................................................................
5. Apa welinge ibune sing wis rumaket ana ing atine Rini lan Bima?
..................................................................................







1 komentar:

  1. Silahkan Soal ditulis dibuku tugas dan cari jawaban pada teks bacaan.

    BalasHapus